Menu

Mode Gelap

Khutbah · 6 Jun 2025 07:22 WIB · · Artikel ini telah dibaca 1 kali

Khutbah Jum’at PCNU Kab. Magelang, 6 Juni 2025 M. /9 Dzulhijjah 1446 H – SYUKUR HUBBUL WATHAN


Khutbah Jum’at PCNU Kab. Magelang, 6 Juni 2025 M. /9 Dzulhijjah 1446 H – SYUKUR HUBBUL WATHAN Perbesar

Bagikan :

الحمد لله الذي كتب للشهداء أعلى الجنان، وللمدافعين عن أوطانهم النصر والرضوان، وأشهد أن لا إله إلا الله وحده لا شريك له، وأشهد أن سيدنا ونبينا محمدا عبد الله ورسوله، اللهم صل وسلم وبارك على سيدنا ونبينا محمد وعلى آله وصحبه أجمعين، وعلى من تبعهم بإحسان إلى يوم الدين.

أما بعد: فأوصيكم عباد الله ونفسي بتقوى الله، قال تعالى: (يا أيها الذين آمنوا اصبروا وصابروا ورابطوا واتقوا الله لعلكم تفلحون). صدق الله العظيم.

Jama’ah shalat Jum’at hafizhakumuLlaah,

Ngawiti khutbah menika, mangga kita sareng-sareng ningali awak kita kanti niat ningkataken taqwa kita dateng Gusti Allaah. Taqwa tegesipun nindaaken sedaya dawuh Gusti Allaah lan nebihi sedaya awisanipun.

Ningkataken taqwa kedah dipun dasari rumaos bilih kita tansah pinaringan nikmat lan kanugerahan ingkang ageng sanget saking Gusti Allaah. Nikmat lan kanugerahan punika terus tambah nalika kita estu-estu waget syukur serta ngulinaaken lisan kita ngucap AlhamduliLlaahi Rabbil ‘aalamiin.

Jama’ah shalat Jum’at hafizhakumuLlaah,

Ing antawisipun nikmat saking Gusti Allaah inggih punika raos aman lan nyaman, eca lan sekeca. Raos aman lan nyaman, eca lan sekeca katitik kita diparingi cekap sandang, pangan, papan tuwin sederek, tangga lan rencang ugi lantaran negara lan bangsa ingkang merdeka. Minangka warga negara, kita kaparingan hak keamanan, pendidikan, pelayanan umum lan lintu-lintunipun. Sedaya nikmat menika  kedah kita syukuri keranten tanpa nikmat kasebat kita boten waget nindaaken ngibadah kanti merdeka.

Kahanan merdeka dados jalaran kita saget kanti gampil ngelaksanaaken syi’ar Islam lan nerasaken dakwah Islam ingkang tegesipun nyelametaken, boten namung nyelametaken awak kita piyambak-piyambak nanging ugi nyelametaken masyarakat saking kekufuran; kufur aqidah tuwin kufur nikmat. Ningali sejarah, sejatosipun kamardikan negari kita lan kemanananipun dumugi kasunyatan saat menika, Indonesia dipun landasi Kapengeranan lan Kamanungsan (Pancasila) ingkang kita jalaran jasa Para Pahlawan, milai saking Ulama, Para Satria tuwin sedaya warga Bangsa Indonesia.

Para Pahlawan kita berjuang ngantos nggetih merjuangaken lan nglestantunaken Negara Kesatuan Republik Indonesia (NKRI) hingga kados ingkang kita raosaken menika. Boten wonten perjuangan ingkang nuwuhaken hasil sampurna kados perjuanganipun Kanjeng Nabi Muhammad shallaLlaahu ‘alaihi wasallam ingkang ngantos sakmenika dereng rampung. Minangka warga bangsa, perjuangan ingkang kedah dipun laksanaaken inggih punika ngisi kamardikan saksahe-sahenipun ing babagan punapa kemawon; pendidikan, sosial budaya, politik lan ekonomi; boten kanti ngrubah lan ngrisak Pemerintahan Negara ingkang sampun dipun mufakati.

Baca Juga  Khutbah Idul Adha 1446 H / 2025 M Bahasa Jawa - Nyembelih Hawa Nafsu, Nggayuh Taqwa

Jama’ah shalat Jum’at hafizhakumuLlaah,

Para Syahid ingkang wafat merjuangaken Indonesia sampun marisaken tulada bilih Trisna dateng Agami lan Trisna dateng Negari langkung awis tinimbang trisna dateng dunya sakisinipun;

حب الوطن من الإيمان

“Trisna dateng Negari bagian saking Iman”

Dangu sakderengipun Hadratussyaikh KH. Hasyim Asy’ari lan para pejuang sanesipun, Kanjeng Nabi Muhammad shallaLlaahu ‘alaihi wasallam sampun maringi tulada perjuangan ingkang sami kanti ambangun dasar negari ingkang anjalari raketipun bangsa lan dipun wastani ميثاق المدينة utawi Piagam Madinah.

Hal menika ing antawisipun keranten trisnanipun Kanjeng Nabi Muhammad shallaLlaahu ‘alaihi wasallam dateng negari lan bangsanipun, kados ingkang dawuhipun ingkang dipun riwayataken dening Sahabat Ibnu ‘Abbas radhiyaLlaahu ‘anhu:

ما أطيبك من بلدة وأحبك إلي، ولولا أن قومي أخرجوني منك، ما سكنت غيرك

Artosipun: “Sahe sanget Panjenengan (Makkah) minangka negari, lan Panjnengan minangka negari ingkang paling kula trisnani. Menawi kaum kula boten ngusir kula saking Panjenengan, mangka kula boten manggen ing negari saklintunipun Panjenengan.” (HR. Ibnu Hibban).

Jama’ah shalat Jum’at hafizhakumuLlaah,

Kangge upaya mujudaken masyarakat ingkang ngugemi adab, Kanjeng Nabi Muhammad shallaLlaahu ‘alaihi wasallam minangka pemimpin agami tuwin negari ngecakaken tatanan bangsa lan negari adedasar tuntunan saking Gusti Allaah Subhaanahu wa Ta’alaa.  Syariat Islam ngatur syarat-syarat dados pemimpin lan perkawis-perkawis ingkang dipun tegakaken kangge mujudaken maslahat utawi kesahenan dunya lan akhirat, boten ngatur kados pundi gantosipun pemimpin lan bentuk pemerintahan. Hal menika ketawis ing kados pundi gantosipun pemimpin lan bentuk pemerintahan Khulafaur Rasyidin milai saking Khalifah Sayyidunaa Abu Bakr As-Shiddiq dumugi Khalifah Sayyidinaa ‘Ali bin Abi Thalib.

Dumugi mlebet zaman dinasti utawi kerajaan nalika Khalifah Mu’awiyah ngantos runtuhipun Dinasti Turki Utsmani lan dipun susul wontenipun Negara Bangsa utawi nation state keranten ewetipun ngempalaken wilayah-wilayah muslim ing setunggal kepemimpinan, wondene pakulinan perang lan rebutan kuasa kedah dirampungi keranten boten bakal ngiataken perdamaian lan saben-saben ingkang sama rebutan kuasa boten wonten ingkang kawon lan boten wonten ingkang menang.

Baca Juga  Khutbah Jumat: Mujudake Taqwo Kanthi Istiqomah

Langkung-langkung ing zaman modern menika, saben-saben negari nggadahi cara utawi teknologi pertahanan ingkang benten kalian sakderengipun, malah kathah negari ingkang gadah senjata pemusnah massal utawi ingkang aran nuklir ingkang menawi diginaaken waget njalari runtuhipun menungsa lan sedaya perkawis ingkang wonten.

Saksampunipun Turki Utsmani runtuh, para ‘Aliim Fiqh (Fuqaha’) mufakat bilih gantosipun pemimpin ing saben wilayah utawi negari tanpa diatur dening setunggal kepemimpinan dunia. Semanten ugi Para ‘Aliim ingkang ngedekaken NKRI. Mujudaken perdamaian dipun kiataken dening mufakatipun bangsa-bangsa ngicalaken wontenipun budak ing bumi pundi kemawon. Senajan mekaten, babagan budak ingkang ugi wonten ing sebagian kitab-kitab turats utawi Kitab Kuning ing zaman khalifah boten sami kalian tradisi keilmuan para ‘aliim ingkang malah ngiataken pemanggih bilih politik kekuasaan boten estu ngrampungi sedaya masalah.

Hal menika waget dipun pirsani ing kitab Fathul Mu”in babagan Jihad anggitan ulama India, Syaikh Zainuddin Al-Malibari ingkang suraosipun boten ngrumiyinaken jihad perang ngelawan tiyang kafir, nanging ngrumiyinaken ikhtiar ing babagan thalabul ‘ilmi kados nglestantunaken madrasah, majlis ta’lim,,sekolah, mbela tiyang alit lan mazhlum, nggiataken amr ma’ruf nahi munkar, lan sakterasipun. Para ‘aliim kagungan pemanggih bilih jihad sanes “kewajiban tujuan/ghaayah”, nanging “kewajiban perantara/wasilah” kados dene bilih perang menika ingkang dipun tuju inggih punika “hidayah”.

Menawi ngaturaken dalil kasebat ing nginggil menika waget dados lantaran pikantuk hidayah mila dalil menika langkung utami tinimbang jihad utawi perang. Walisongo ing tanah Jawi sampun maringi tulada dakwah ingkang estu dados jalaran hidayah utawi syahadatipun tiyang-tiyang hingga Indonesia dados negari muslim paling ageng sak ngalam dunya. Mila, Indonesia kanti dados pemerintahan negari kados sakmenika minangka lantaran (wasilah) dumugeaken hidayah kados dene kerajaan ingkang werni-werni corakipun nalika zaman khalifah ingkang ugi dados lantaran (wasilah), sanes tujuan (ghayah).

Jama’ah shalat Jum’at hafizhakumuLlaah,

Trisna dateng negari (hubbul wathan) menika boten dados fanatisme golongan utawi ‘ashabiyah/ta’asshub kados ingkang dilampahi dening bangsa-bangsa zaman jahiliyah. Hubbul Wathan inggih punika kados pundi perlunipun menungsa nggadahi panggenan ingkang ece sekeca, aman lan ayem tentrem. Menawi masyarakat ngraosaken eca sekeca, aman lan ayem tentrem mangka pendidikan bade majeng sahe. Sakwalikipun, menawi masyarakat ngraosaken boten aman lan ayem tentrem, pendidikan boten bade majeng kanti sahe.

Baca Juga  Khutbah Jumat: Mupuk Kesabaran

Pendidikan ingkang leres lan sahe dados jalaran gumregahipun umat menungsa tanpa ningali kados pundi bentuk pemerintahan negari-nipun; bade kerajaan,dinasti utawi republik sami mawon. Pendidikan njalari pinten-pinten perkawis; politik, hukum tuwin ekonomi. Pendidikan Islam ingkang leres lan sahe dipun dukung dening persatuan (ko-eksistensi) antawisipun para warga negari kanti payung NKRI, mila bade nuwuhaken kemajengan kangge Bangsa Indonesia samangkih.

Al-Qur’an Al-Kariim sampun ngemutaken pentingipun persatuan kanti payung agami, kalebet ing hal menika nun inggih mufakatipun para ‘aliim lan pejuang bangsa Indonesia kados ingkang dipun dawuhaken ing Al-Qur’an:

واعتصموا بحبل الله جميعا ولاتفرقوا واذكروا نعمة الله عليكم إذ كنتم أعداء فألف بين قلوبكم فأصبحتم بنعمته إخوانا وكنتم على شفا حفرة من النار فأنقذكم منها كذالك يبين الله لكم آياته لعلكم تهتدون.

Artosipun: Tetanggenana sira kabeh kanti tali (agama) Allaah lan aja pada pisah-pisah, lan elinga nikmat Allaah kanggo sira kabeh nalika biyen (zaman jahiliyah) pada musuhan, nuli Allaah nepungake ati atimu mangka sira kabeh dadi kanti nikmat Allaah pada seduluran; lan sira wis pada ana ing pinggire jurang neraka, nuli Allaah nyelametake sira kabeh saking neraka. Mengkono iku Allaah nerangake ayat-ayate kanggo sira kabeh, supaya sira kabeh oleh pituduh. (QS. Ali Imron: 103).

Mekaten khutbah ingkang waget kula aturaken. Mugi dados ilmu ingkang manfaat lan kita sedaya pinaringan ridha lan taufiq saking ngarsa Allaah Subhaanahu wa Ta’alaa ing dalem ngiataken syi’ar agama Islam kanti semangat persatuan lan kesatuan NKRI ingkang kita trisnani.  Aamiin ya Rabbal ‘alamiin.

نفعني الله وإياكم بالقرآن العظيم وبسنة نبيه الكريم صلى الله عليه وسلم.  أقول قولي هذا واستغفر الله لي ولكم، فاستغفروه إنه هو الغفور الرحيم.

Bagikan :
badge-check

Penulis

Baca Lainnya

Khutbah Idul Adha 1446 H / 2025 M Bahasa Jawa – Nyembelih Hawa Nafsu, Nggayuh Taqwa

5 June 2025 - 16:02 WIB

Khutbah Idul Fitri 1446 H Bahasa Jawa: Pratandhane Tiyang Mukmin, Gadahi Sifat Langkung Becik Sakbibare Ramadhan

30 March 2025 - 14:33 WIB

Khutbah Idul Adha 1445 H Bahasa Jawa dan Indonesia

16 June 2024 - 06:19 WIB

Khutbah Idul Fitri 1445 H Bahasa Jawa dan Bahasa Indonesia | LDNU Kabupaten Magelang

8 April 2024 - 00:18 WIB

Khutbah Idul Adha 1444 H Bahasa Jawa dan Indonesia | LDNU Kabupaten Magelang

27 June 2023 - 12:52 WIB

Khutbah Idul Fitri 1444 H Bahasa Jawa dan Indonesia | LDNU Kabupaten Magelang

21 April 2023 - 11:41 WIB

Trending di Khutbah