Menu

Mode Gelap

Khutbah · 5 Jun 2025 16:02 WIB · · Artikel ini telah dibaca 177 kali

Khutbah Idul Adha 1446 H / 2025 M Bahasa Jawa – Nyembelih Hawa Nafsu, Nggayuh Taqwa


Khutbah Idul Adha 1446 H / 2025 M Bahasa Jawa – Nyembelih Hawa Nafsu, Nggayuh Taqwa Perbesar

Bagikan :

Khutbah I

السَّلَامُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللهِ وَبَرَكَاتُهُ

اللهُ أَكْبَرُ  اللهُ أَكْبَرُ  اللهُ أَكْبَرُ  اللهُ أَكْبَرُ  اللهُ أَكْبَرُ  اللهُ أَكْبَرُ  اللهُ أَكْبَرُ  اللهُ أَكْبَرُ  اللهُ أَكْبَرُ  اللهُ أَكْبَرُ 

إنَّ الْحَمْدَ لِلهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِينُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ، وَنَعُوذُ بِاللهِ مِنْ شُرُورِ أَنْفُسِنَاوَمِنْ سَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلَّ لَهُ، وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِىَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًاعَبْدُهُ وَرَسُولُهُ

وَالصَّلَاةُ وَالسَّلَامُ عَلَىالنَّبِيِّ الْمُصْطَفَىسَيِّدِنَامُحَمَّدٍ وَعَلَىأَلِهِ وَصَحْبِهِ أَهْلُ الصِّدْقِ وَالْوَفَاءِ، أَمَّابَعْدُ

فَيَاعِبَادَ اللهِ، أُوْصِينَفْسِيوَإِيَّاكُمْ بِتَقْوَىاللهِ وَطَاعَتِهِ، فَمَنِ اتَّبَعَ الْهُدَىوَاتَّقَىفَقَدْ أَفْلَحَ وَفَازَ، إِنَّ اللهَ لَايُخْلِفُ الْمِيْعَادَ. وَقَالَ تَعَالَى:  إِنَّ لِلْمُتَّقِينَ مَفَازًا، حَدَائِقَ وَأَعْنَابً

Puji lan syukur kita panjataken wonten ngarsa Gusti Allaah Subhaanahu wa Ta’aalsa atas sedaya kanugerahan ingkang boten bakal saget kapetang, sahe arupi kanikmatan ngkang lahir tuwin kenikmatan batin utaminipun kanugerahan Iman lan Islam ingkang dados nuur pitedah gesang kita.

Welas Asih Pengagungan lan Keselametan saking ngarsa Gusti Allaah tansah kaparingaken dateng junjungan kita Kanjeng Nabi Muhammad shallallsahu ‘alaihi wa sallam, para keluarga lan para shahabatipun ingkang pinilih minangka tulada ngelampahi Agami Islam.

Jama’ah Shalat Idul Adha rahimakumuLlaah…

Mangga kita sareng-sareng tansah ningkataken taqwa kita dumateng Gusti Allaah Subhaanahu wa Ta’alaa kanti estu-estu anggenipun ngelaksanaaken sedaya dawuhipun lan nebihi sedaya awisanipun. Namung Taqwa kita dateng Gusti Allaah ingkang saget dados sangu gesang ing akhirat benjang. Namung kanti Taqwa menika kita pikantuk kawilujengan ing dunya lan akhirat.

Ma’asyiral muslimin wal muslimat hafidzakumullah…

Dinten menika dinten Jum’at. Dinten menika inggih dinten Riyaya Idul Adha ingkang ugi kawastanan Riyaya Qurban, dinten ingkang agung, dinten kangge mrengeti peristiwa ageng Nabi Ibrahim lan ingkang Putra Nabi Ismail alaihimas salaam.

Kados riwayat ingkang masyhur bilih puncak saking peristiwa menika inggih Nabi Ismail alaihis salaam kersa lan pasrah dipun sembelih dening ramanipun, Nabi Ibrahim alaihis salaam kados dawuhipun Gusti Allaah dateng Nabi Ibrahim.

Nabi Ibrahim lan Nabi Ismail alaihimas salaam wantun, kersa lan ridha ngelaksanaaken perintahipun Gusti Allaah menika inggih namung keranten Taqwa dateng Gusti Allaah Subhaanahu wa Ta’alaa, boten keranten sanesipun. Taqwa ngkang wonten ing manah Panjenenganipun kekalih waget nguwasani lan ngalahaken sedaya perkawis dunya ingkang tansah narik dateng kepinginan utawi hawa nefsunipun Nabi Ibrahim lan Nabi Ismail minangka manungsa limrah.

Baca Juga  Khutbah Jumat: Meraih Kemulian Dengan Membuka Pengajian Kembali

Manungsa dados makhluq ingkang paling sempurna tinimbang makhluq sanesipun, boten namung saking arah raganipun nanging ugi saking arah bilih manungsa kanugerahan akal lan nafsu utawi kepinginan.

Mila, menawi manungsa ingkang tansah ngutamaaken Taqwa lan waget istiqamah, jejek lan estu-estu ngelaksanaaken perintah-perintahipun Gusti Allaah Subhaanahu wa Ta’alaa, piyambakipun waget estu-estu dados makhluq ingkang derajatipun mulya ngungkuli malaikat.

Kosokwangsulipun, menawi manungsa menika kawon kalian hawa nafsunipun hingga tebih saking tha’at lan asring ngelampahi dosa utawi maksiat, piyambakipun dados manungsa awon, asor lan ina; derajatipun langkung asor lan ina tinimbang iblis. Na’uudzi biLlaah min dzaalik

Jama’ah Shalat Iedul Adha rahimakumuLlaah…

Saklajengipun, kados pundi lan menapa ingkang kita pilih; bade nuruti manah taqwa ingkang leres lan sahe ingkang ngajak dateng tha’at kanti nuur Iman lan Islam ingkang ndumugeaken dateng selamet, beja lan mulya dunya akhirat utawi bade nuruti hawa nafsu ingkang lepat lan awon ingkang ngajak dateng maksiat lan njerumusaken dateng kasengsaran lan kapitunan dunya akhirat.

Kita sampun mangertosi napa lan pundi ingkang kedah kita utamaaken. Namung kemawon kita tasih asring kesasar; langkung asring nuruti utawi kebujuk dening hawa nafsu tinimbang nuruti manah ingkang taqwa ingkang ngajak dateng tha’at.

Imam al-Bushiri ing Qasidah al-Burdah ngendikaaken:

وَالنَّفْسُ كَالطِّفْلِ إِنْ تُهْمِلْهُ شَبَّ عَلَى ۞ حُبِّ الرَّضَاعِ وَإِنْ تَفْطِمْهُ يَنْفَطِمِ

Artosipun: “Nafsu kaya dene bayi, yen sira jarke, arep tetep seneng nyusu. Yen sira sapih, arep bisa gelem leren nyusu.”

Bayi kedah dipun latih lan dipun biasaaken supados waget dipun sapih hingga boten nyusu ngantos langkung umur kalih tahun.

Hawa nefsu ugi mekaten, ibarat bayi utawi lare alit, kedah dipun latih lan dipun biasaaken supados boten sakkarepipun piyambak lan supados boten nerak aturan, langkung-langkung aturan agami Islam utawi syariat.

Hal menika penting sanget kita terapaken ing sedaya perkawis langkung-langkung babagan dunya utawi kadunyan. Ing antawisipun perkawis dunya inggih anak. Boten sekedik tiyang ingkang sama mbanggaaken anak ing babagan dunyanipun; pinter nyambut damel, sugih bandha, pangkat inggil, sakterasipun ananging babagan agami kirang utawi boten dipun gatosaken. Hal menika sampun dipun wanti-wanti Al-Qur’an ing Surah AlHadid ayat 20:

Baca Juga  LKKNU Kabupaten Magelang Gelar Pelatihan Kader Penggerak Keluarga Maslahah

اعْلَمُواأَنَّمَاالْحَيَاةُ الدُّنْيَالَعِبٌ وَلَهْوٌ وَزِينَةٌ وَتَفَاخُرٌ بَيْنَكُمْ وَتَكَاثُرٌ فِيالْأَمْوَالِ وَالْأَوْلَادِ

Artosipun: “Ngertiha seliramu kabeh yen anging pestine urip dunya iku mung dolanan, guyon, lan hiasan, lan sing sapa wonge ing antarane seliramu kabeh anggak-anggakan sarta akeh-akehan banda dunya lan keturunan.”

Mila, Nabi Ibrahim alaihis salaam nalika dipun perintah nyembelih putranipun Nabi Ismail menika boten namung ujian tha’at kemawon nanging ugi latihan kangge nguasani hawa nefsu utawi kepinginan dateng perkawis dunya; milih tha’at dateng perintah Gusti Allaah lan ngutamaaken Iman Islamipun utawi kawon dateng trisnanipun dateng ingkang Putra.

Ing saklajengipun Nabi Ibrahim lan Nabi Ismail alaihimas salaam lulus lan waget ngelaksanaaken ujian saking Gusti Allaah Subhaanahu wa Ta’alaa.

Kedadosan menika kita dadosaken tuladha lan patokan kangge ngadepi sedaya masalah ingkang mawerni-werni supados kita selamet lan bagya mulya dunya akhirat.

Wonten ing Al-Qur’an Surah At-Taghaabun dipun dawuhaken:

إِنَّمَاأَمْوَالُكُمْ وَأَوْلَادُكُمْ فِتْنَةٌ وَاللَّهُ عِنْدَهُ أَجْرٌ عَظِيمٌ

Artinya: “Anging pestine banda-banda sira kabeh lan anak-anak sira kabeh iku fitnah (ujian), lan ing ngarsane Gusti Allaah ana ganjaran kang agung.”

Syekh Wahbah az-Zuhaili ing Kitab Tafsir Al-Munir (juz 28 hal. 257) ngendikaaken bilih banda lan anak ugi bojo dados ujian. Nalika manungsa langkung kathah nuruti dunya tanpa nggatosaken Syariat utawi aturanipun Gusti Allaah lan RasuluLlah, mangka manungsa menika dados musuhipun agami Islam lan bakal kapitunan tuwin sengsara dunya akhirat. Na’uudzu biLlaah min dzaalik…

Mangga sedaya perkawis dunya kita lampahaken kanti netepi aturan utawi syariat ingkang sampun kita tampi saking Kanjeng Nabi Muhammad shallaLlaahu alaihi wasallam.

Dawuhipun Kanjeng Nabi Muhammad shallaLlaahu alaihi wasallama:

أَلاَ إِنَّ الدُّنْيَامَلْعُونَةٌ مَلْعُونٌ مَافِيهَاإِلاَّ ذِكْرُ اللهِ وَمَاوَالاَهُ وَعَالِمٌ أَوْ مُتَعَلِّمٌ

Artosipun: “Elinga saktemene dunya iku dilaknat, dilaknat apa wae kang ana ing dunya kejaba eling/dzikir marang Gusti Allaah lan apa wahe kang bisa ngarahake marang dzikir iku, sarta wong kang duwe ngilmu lan golek ngilmu.” (HR. Tirmidzi)

Saking dawuh menika saget dipun mangertosi bilih dzikir dateng Gusti Allaah inggih menika mangertosi perkawis ngkang leres lan sahe utawi dipun wastani ngilmu. Sakmestinipun ingkang dipun maksud inggih ngilmu Agami Islam. Mila Kanjeng Nabi dawuh bilih kita kedah tansah ngaos ngudi ngilmu sarta tansah ngamalaken kanti niat dzikir dateng Gusti Allaah.

Baca Juga  Rapat Kerja LPPNU Kabupaten Magelang Bahas Strategi Pengembangan Pertanian dan Ekonomi Jama’ah

Kanti Shalat ldul Adha, Riyaya Qurban lan nuladani Nabi Ibrahim lan Nabi Ismail alaihimas salaam menika, mugi Gusti Allaah tansah maringi pitulungan arupi kekiatan lan pitedah hingga kita waget nyembelih utawi mragat hawa nafsu utawi kepinginan-kepinginan kita numpuk-numpuk banda lan ngunggulaken perkawis dunya hingga kita waget ngelaksanaaken perintah-perintahipun Gusti Allaah lan nebihi awisan-awisanipun.

Mugi Gusti Allaah nglebetaken kita ing golonganipun tiyang-tiyang ingkang dipun ridhani Gusti Allaah Subhaanahu wa Ta’alaa lan syafa’atipun Kanjeng Nabi Muhammad shallaLlaahu alaihi wasallama, selamet, beja lan mulya dunya akhirat.

بَارَكَ اللهلِيوَلَكُمْ فِياْلقُرْآنِ اْلعَظِيْمِ وَنَفَعَنِيوَإِيَّاكُمْ بِمَافِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَذِكْرِ الْحَكِيْمِ.

أَقُوْلُ قَوْلِيهَذَافَأسْتَغْفِرُ اللهَ العَظِيْمَ

إِنَّهُ هُوَ الغَفُوْرُ الرَّحِيْمِ

Khutbah II

اللهُ أَكْبَرُ  اللهُ أَكْبَرُ اللهُ أَكْبَرُ اللهُ أَكْبَرُ اللهُ أَكْبَرُ اللهُ أَكْبَرُ اللهُ أَكْبَرُ  وَلِلَّهِ الْحَمْدُ

اَللهُ أكْبَرُ مَاذَكَرَهُ الذَّاكِرُوْنَ، اَللهُ أكْبَرُ مَاحَمِدَهُ الْحَامِدُوْنَ، اَللهُ أكْبَرُ مَاتَقَلَّبَ اللَّيْلُ وَالنَّهَارُ،اَللهُ أكْبَرُ فِيكُلِّ حَالٍ وَفِيسَائِرِ الظُّرُوْفِ وَالْأَحْوَالِ، اَللهُ أكْبَرُ مَاأَقْبَلَ التَّائِبُوْنَ إِلَىرَبِّهِمْ مُسْتَغْفِرِيْنَ، اَللهُ أكْبَرُ مَاتَجَلَّىاللهُ عَلَىعِبَادِهِ فِيهَذَاالشَّهْرِ الْمُبَارَكِ وَفِيسَائِرِ الشُّهُوْرِ وَالْأَيَّامِ بِالرَّحْمَةِ وَالْغُفْرَانِ

الحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِيْ أَمَرَنَابِإِفْشَاءِ السَّلَامِ وَالصَّلَاةُ وَالسَّلَامُ عَلَىنَبِيِّنَامُحَمَّدٍ الْمَبْعُوْثِ إِلَىسَائِرِ الْأُمَمِ وَعَلَىأَلَهِ وَصَحْبِهِ الْمُتَمَسِّكِيْنَ بِدِيْنِ الْإِسْلَامِ۰ اَمَّابَعْدُ

فَيَاعِبَادَ ﷲ… اتَّقُوااللّٰهَ حَقَّ تُقٰىتِهٖ وَلَاتَمُوْتُنَّ اِلَّاوَاَنْتُمْ مُّسْلِمُوْنَ. قَالَ اللهُ تَعَالىفِيْ الْقُرْآنِ ﺍﻟْﻌَﻈِﻴْﻢِ:  ﺇِﻥَّ ﺍﻟﻠّٰﻪَ ﻭَﻣَﻼَﺋِﻜَﺘَﻪُ ﻳُﺼَﻠُّﻮْﻥَ ﻋَﻠَﻰﺍﻟﻨَّﺒِﻲِّ، ﻳَﺎﺃَﻳُّﻬﺎَ ﺍﻟَّﺬِﻳْﻦَ ﺀَﺍﻣَﻨُﻮْﺍﺻَﻠُّﻮْﺍﻋَﻠَﻴْﻪِ ﻭَﺳَﻠِّﻤُﻮْﺍﺗَﺴْﻠِﻴْﻤًﺎ

اَللّٰهُمَّ ﺻَﻞِّ ﻋَﻠَﻰسَيِّدِنَاﻣُﺤَﻤَّﺪٍ ﻭَﻋَﻠَﻰﺁلهِ وَصَحْبِهِ اَجْمَعِيْناَللّٰهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ، وَتَجَاوَزْ عَنْهُمْ السَيِّئَاتِ وَارْفَعْ لَهُمُ الدَّرَجَاتِ. اَللّٰهُمَّ أَصْلِحْنَاوَأَصْلِحْ أَحْوَالَنَا، وَأَصْلِحْ مَنْ فِيصَلَاحِهِمْ صَلَاحُنَاوَصَلَاحُ الْمُسْلِمِيْنَ، وَأَهْلِكْ مَنْ فِيهَلَاكِهِمْ صَلَاحُنَاوَصَلَاحُ الْمُسْلِمِيْنَ.

اَللّٰهُمَّ وَحِّدْ صُفُوْفَ الْمُسْلِمِيْنَ، وَارْزُقْنَاوَإِيَّاهُمْ زِيَادَةَ التَّقْوَىوَالْإِيْمَانِ. اَللّٰهُمَّ ارْزُقْنَاحُبَّكَ وُحُبَّ نَبِيِّكَ، وَحُبَّ مَنْ أَحَبَّكَ وَأَحَبَّ نَبِيَّكَ. اللَّهُمَّ ارْزُقْنَامُتَابَعَةَ نَبِيِّكَ وَالتَّمَسُّكَ بِكِتَابِكَ وَبِسُنَّةِ نَبِيِّكَ، وَلَاتَجْعَلْ مُصِيْبَتَنَافِيدِيْنِنَا، وَلَاتَجْعَلْ الدُنْيَاأَكْبَرَ هَمِّنَاوَلَامَبْلَغَ عِلْمِنَا، وَاجْعَلْ الجَنَّةَ هِيَ دَارُنَاوَقَرَارُنَا، وَلَاإِلَىالنَّارِ مَصِيْرُنَا

اَللهُ أكْبَرُ، اَللهُ أكْبَرُ،اَللهُ أكْبَرُ، لَاإِلهَ إِلَّااللهُ وَاللهُ أكْبَرُ، اَللهُ أكْبَرُ وَللهِ الْحَمْدُ

ثُمَّ السَّلَامُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللهِ وَبَرَكَاتُهُ

Sumber :
PERGERAKAN MAHASISWA ISLAM INDONESIA (PMII) – RAYON BAMBOOSA SP
Alamat : Pending Lor RT 02 RW 11, Pancuranmas, Kec. Secang, Kabupaten Magelang, Jawa Tengah
Email : [email protected]
Tlp. 085866214989 (Ahsan)

Bagikan :
badge-check

Penulis

Baca Lainnya

Khutbah Jum’at PCNU Kab. Magelang, 6 Juni 2025 M. /9 Dzulhijjah 1446 H – SYUKUR HUBBUL WATHAN

6 June 2025 - 07:22 WIB

Khutbah Idul Fitri 1446 H Bahasa Jawa: Pratandhane Tiyang Mukmin, Gadahi Sifat Langkung Becik Sakbibare Ramadhan

30 March 2025 - 14:33 WIB

Khutbah Idul Adha 1445 H Bahasa Jawa dan Indonesia

16 June 2024 - 06:19 WIB

Khutbah Idul Fitri 1445 H Bahasa Jawa dan Bahasa Indonesia | LDNU Kabupaten Magelang

8 April 2024 - 00:18 WIB

Khutbah Idul Adha 1444 H Bahasa Jawa dan Indonesia | LDNU Kabupaten Magelang

27 June 2023 - 12:52 WIB

Khutbah Idul Fitri 1444 H Bahasa Jawa dan Indonesia | LDNU Kabupaten Magelang

21 April 2023 - 11:41 WIB

Trending di Khutbah