Menu

Mode Gelap

Khutbah · 2 Apr 2020 05:54 WIB · · Artikel ini telah dibaca 3 kali

Khutbah Jumat: Ngupoyo Sabar Ngadepi Musibah


Khutbah Jumat: Ngupoyo Sabar Ngadepi Musibah Perbesar

Bagikan :

 

Jamaah Jum’ah ingkang dipun mulyaaken Allah swt.
Monggo wonten kesempatan puniko kito sareng nggulo wentah raos Taqwo kito dumateng
Allah swt. Kanthi ngestoake dawuhipun ugi nilar awis-awisanipun Alloh swt.
Jamaah Jum’ah Rahimakumulloh …
Mangertoso bilih termasuk sunatulloh kagem kito kawulonipun Allah swt. gesang kito bade
manggihi ujian, cobi, ugo musibah kados dawuhipun Allah swt.
wonten ing surah Baqoroh ayat : 155
“Lan saktemene kito mesti bakal nguji siro kabeh kanthi sitike roso Wedi, luwe, kekurangan
bondo, nyowo, lan wah-wahan. lan aweho kabar bebungah siro maring wong-wong kang
podo sabar”
 Ayat puniko nedahaken bilih menungso kedah ngalami musibah kados ingkang dipun sebat,
ananging gusti Alloh swt. ugi bade paring bebungah ingkang kados dipun sebat wonten
dawuhipun. kagem tiang tiyang ingkang sami sabar, ingkang kerso ngucap kalimah Istirja’,
amergi dipun sebat wonten Tafsir Showi, bilih kalimah Istirja’ puniko termasuk من مقالة
األمة هذه خصائص) Kali mah ingkang termasuk perkawis khusus kagem umatipun Nabi
Muhammad SAW.)
Ingkang saklajengipun nggadahi raos ridho kanthi hukumipun Allah swt. Ugi sabar, mboten
nggersulo sambat-sambat amergi wonten dawuh :
“Sabar mareng saben musibah ono tombone gejobo mati kanthi kufur”
Kanthi laku sabar puniko tiyang mukmin pikantuk kaleh ganjaran. Ganjaran sabar ugi
ganjaran mboten nggersulo.
Kanjeng Nabi Muhammad SAW dawuh :
Saking shohabat shuhaib RA. Dawuh : Rosululloh SAW.
Dawuh :
Nggumunake mareng kabeh urusane wong mukmin saktemene kabeh perkorone wong
mukmin itu bagus, lan ora ono perkoro kwi gejobo tumeraping wong mukmin lamun metuki
perkoro apik syukur, iku luweh bagus mungguhe deweke. Lan lamun metuki perkoro olo
(musibah) deweke sabar, lan Munggehe iku luweh apik.
(HR. Muslim)
Puniko dawuh ingkang kedah kito cepengi, mugi-mugi, kito sedoyo keparingan sabar bongso
puniko kelebihan saking bala’, wilujeng kanthi ridhonipun Gusti Allah swt.
Ky. Abdul Azis Idris Pangkat, Alumni Pondok Pesantren Al Anwar Sarang, Rembang dan Wakil Katib Syuriah PCNU Kabupaten Magelang
Bagikan :
badge-check

Penulis

Baca Lainnya

Khutbah Idul Fitri 1446 H Bahasa Jawa: Pratandhane Tiyang Mukmin, Gadahi Sifat Langkung Becik Sakbibare Ramadhan

30 March 2025 - 14:33 WIB

Khutbah Idul Adha 1445 H Bahasa Jawa dan Indonesia

16 June 2024 - 06:19 WIB

Khutbah Idul Fitri 1445 H Bahasa Jawa dan Bahasa Indonesia | LDNU Kabupaten Magelang

8 April 2024 - 00:18 WIB

Khutbah Idul Adha 1444 H Bahasa Jawa dan Indonesia | LDNU Kabupaten Magelang

27 June 2023 - 12:52 WIB

Khutbah Idul Fitri 1444 H Bahasa Jawa dan Indonesia | LDNU Kabupaten Magelang

21 April 2023 - 11:41 WIB

Khutbah Gerhono Bulan : Ngadepi Gerhono Kanthi Nderek Sunnah Nabi Muhammad SAW

8 November 2022 - 01:59 WIB

Trending di Khutbah